Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Bahasa Jawa. Tampilkan semua postingan

Rabu, 21 Desember 2011

contohdrama basa jawa


Tokoh:
Ibu Shofi:   59 tahun
Sandra:       35 tahun
Silvi:             24 tahun
Meila:         20 tahun
minem:      33 tahun

Babak 1
(Di sebuah ruang keluarga, duduk santai Ibu Shofi, Meila, Silfi)
Ibu Shofi           : Sepertinya jarang ya kita berkumpul seperti ini. Kalian berkumpul di rumah, untuk makan malam bersama, dengan ibumu yang sudah tua renta ini. Kalian semua terlalu sibuk dengan urusan masing-masing sih. Hmmmm Jadi… ibu sering sendirian deh di rumah.
Silfi                      :  Namun sak niki  ibu boten dewean maneh? kito sedaya neng mriki nemeni ibu.(mendekat, memeluk dan mencium ibunya)
Ibu Shofi           :  nengendi Bagas, Meila? Niku sios wangsul nopo mboten?
Minem              :(Masuk ngeresek ake mejo, mboten bicara napo - napo)
Meila                 :  hmm  Mas Bagas sak niki wonten neng  Batam bu. Nanggung kangge wangsul. Proyeknya teseh berjalan setengah jadi.
Ibu Shofi           :  Anak limo… kok… seng ngumpul cuman tigo… neng endi maneh kuwi sandra, sido neng mrene nopo mboten. Niku bocah kok dak bisa diatur? Dikongkon kuliah tinggi, kok malahan masuk neng  teater. Dikengken kerjo seng bener kok, malahan sukane pentas. (sambil mengelus dada)
Meila                 : Bu… bu. Mboten pareng ngoten , Mbak Sandra niku anak bu. Setiap manusia niku gadah pilihane  sendiri kangge uripe. Seandene Mbak Sandra memilih teater  kangge nerusake uripe.
Minem              :      Ya, ndoro, menawane , Mbak Sandra niku biso dadi artis ingkang terkenal, masok tivi.
Silfi                      : Nem, Nem, ngomong opo kamu itu. Eh, tapi wonten benere juga niku yo? Sana Nem, ambilin tasku neng jero kamar.
Minem              :  Nggih. (langsung beranjak masuk)
Ibu Shofi           :  Lah, bisnismu sekarang gimana Fi?
Maju kan?
Silfi                      : Alhamdulillah bu. Ada investor yang mau mendanai. Website kita juga banyak pengunjungnya. Jadi pemasarannya sudah sampai ke luar negeri.
Ibu Shofi:   Duh, senangnya anakku yang ini berhasil. Jadi ingat almarhum ayahmu. Pasti dia juga bangga.
Tapi kapan kamu nikahnya???.
Nora:           Hehe… Silfi sudah punya calon bu, tinggal di ajukan aja ke Ibu.
Iya kan Fi? (Sambil mengedipkan mata ke Silfi)
Silfi:              (malu-malu)Ibu
Shofi:   Iyo, to Fi? Ya, aku ikut senang. Udah cepat aja calonmu itu kamu bawa ke sini.
Silfi:              Inggih Bu. Tapi Mas Dani sepertinya masih sibuk dengan urusannya.
Insya Allah, setelah semua beres akan aku ajak kesini.
Nora:           Oh, kamu sekarang sama Dani toh?
Silfi:              (tersipu) ya Mbak.
Ibu Shofi:   Dani ya namanya?
Silfi:              Mengangguk pelan.
Minem:      (masuk) Ini tasnya Mbak (sambil menyerahkan bungkusan ke Silfi)
Silfi:              Makasih Nem.
Ibu Shofi:   Eh, anakmu tadi kemana Ra?
Silfi:              Iya, kemana Dilla tadi?
Nora:           Itu di depan sama Meila.
Tidak tahu lah, mereka kok cocok ya? Padahal kan tante sama ponakan.
Dilla…… (berteriak memanggil)
Dilla:            (berteriak dari luar) Sebentar bunda, ini masih asyik ni sama tante.
Ibu Shofi:   Sudah biarkan saja. Meila memang seperti itu kok Ra. Jiwanya masih jiwa anak-anak.
Silfi:              Gimana sih, mbak? kan biasa. Aku juga sering bercanda sama Dilla, dia memang anak yang lucu dan menyenangkan. Aku juga suka sama anakmu itu Mbak.
Minem:      Ndoro makanannya sudah siap. Monggo didahar…
Silfi:              Ayo bu kita makan…
Ibu Shofi    Sebentar Fi, ibu mau menunggu kakakmu Sandra dulu…
Nora:           tak usah ditunggu bu… Mbak Sandra sudah bilang tidak bisa datang.
Ibu Shofi:   Baiklah…
Silfi:              Oh, benarkah Mbak Sandra tidak akan datang?
Nora:           Katanya si begitu.
Ibu Shofi,  Nora, Silfi, Minem: (menuju ruang makan, disana tersaji berbagai makanan yang telah disiapkan untuk merayakan hari ibu malam itu)

DRAMA NENG HARI IBU nganggo basa jawa


DRAMA NENG HARI IBU
 (Di sebuah ruang keluarga, duduk santai Ibu Shofi, Meila, Silfi)
Ibu Shofi      : Sak umpane  kita berkumpul seperti ni, bu seneng kaliyan sikap kaliyan . ibu kan sak niki sampuh sepuh geh kaliyan ingkang saget miri geh mriki.
Silfi               :  Namun sak niki  ibu boten dewean maneh? kito sedaya neng mriki nemeni ibu.(mendekat, memeluk dan mencium ibunya)
Ibu Shofi      :  nengendi Bagas, Meila? Niku sios wangsul nopo mboten?
Minem          :(Masuk ngeresek ake mejo, mboten bicara napo - napo)
Meila             :  hmm  Mas Bagas sak niki wonten neng  Batam bu. Nanggung kangge wangsul. Proyeknya teseh berjalan setengah jadi.
Ibu Shofi      :  Anak limo… kok… seng ngumpul cuman tigo… neng endi maneh kuwi sandra, sido neng mrene nopo mboten. Niku bocah kok dak bisa diatur? Dikongkon kuliah tinggi, kok malahan masuk neng  teater. Dikengken kerjo seng bener kok, malahan sukane pentas. (sambil mengelus dada)
Meila             : Bu… bu. Mboten pareng ngoten , Mbak Sandra niku anak bu. Setiap manusia niku gadah pilihane  sendiri kangge uripe. Seandene Mbak Sandra memilih teater  kangge nerusake uripe.
Minem          :      Ya, ndoro, menawane , Mbak Sandra niku biso dadi artis ingkang terkenal, masok tivi.
Silfi               : Nem, Nem, ngomong opo kamu to. Eh, tapi wonten benere juga niku yo? Sana Nem, ambilin tasku neng jero kamar.
Minem          :  Nggih. (langsung beranjak masuk)
Ibu Shofi      :  Lah,binismu sak niki pripun Fi? Maju to?
Silfi               : Alhamdulillah bu. wonten investor ingkang purun mendanai. Website kito juga katah pengunjunge. dados pemasarane sampun  ke luar negeri.
Ibu Shofi      :Duh, senenge anakku niki ikang kantok keberhasilan . dados keingetan almarhum bapakmu.sak umpamane ngerti mesti bangga dok. Terus nikahmu kapan dok???.
Meila             :     Hehe… mbk Silfi sampun gadah calone bu, tinggal dikenalake ke Ibu. ngegeh to Fi? (Sambil mengedipkan mata ke Silfi)
Silfi               : (malu-malu)
Ibu Shofi      :   Iyo, to Fi? Ya, ibu Derek seneng. Udah ibu dikenalake calonmu.
Silfi               :     Inggih Bu. Tapi Mas Dani niku teseh katah urusan neng kantore bu. Insya Allah, sak sampune kerjaane beres bu , mangkeh tak ajak eng mriki bu??
Meila             :  oh , Sak niki mbk silfi kaleh mas Dani to??
Silfi               :  (tersipu) ya Dek.
Ibu Shofi      :   Dani ya asmane?
Silfi               : (Mengangguk pelan)
Minem          : (masuk) niki tase  Mbak (sambil menyerahkan bungkusan ke Silfi)
Silfi               :  Tersuwun nggeh Nem.
Sak naliko ibu , silfi lan meila ngomong – ngomong, mbak Sandra dating
Sandra          : Assalamualaikum ???
Ibu,Silfi,Meila lan minem        : walaikumsalam??
Ibu Shofi      : nem bukake pinune , sopo ikku seng teko nem?
Minem          : enggeh doro (melampah lan bukak pintune)
Sandra          : Minen ibu neng dalem ?
Minem          : enggeh ? niku ibu wonten neng ruang tamu non???
Sandra          : ibu ….
Ibu Shofi      : sandra  niku kwe dok , kabere sak niki pripun dok??(langsung gadek lan melok anak e)
Sandra          : kabare kulo sahe- sahe mawon bu , trus kabare ibu sahe to??
Ibu shofi       : geh dok ? garwamu endi dok?
Sandra          : teseh neng kantore buk?
Ibu shofi       : oh ngoten tho , kapan balik e dok?
Sandra          :mangkeh sonten bu?
Minem          : mbk Sandra tase ditaruh ning pundi ???? (gowo tas)
Sandra          : didekek kamar ja mbok?
Minem          : enggeh non Sandra?
Meila             : mbk Sandra sak niki mbk silvi sampun gadah cowok ??
Sandra          : enggeh decx silfi, geh sahe niku .amergane dek silfi sampun sukses lan umur ipun sampun macem kanggeh nikah. Tek saget secepete niku nikahe , bener tho bu?
IBu Shofi      : geh duk wonten benere niku ucapane mbk sandra  .?
Silfi               : geh (mesem)
Meila             : mbk silfi mukae abung- abung hehehe?
Sandra          : Sandra neng mriki pengen nyenengake bu neng hari ibu kalian adik – adik kula bu?
Ibu Shofi      : tersuwun geh dok teseh ileng kaliyan ibu ? lan semoga kaliyyan sedoyo niku diberi ganjaran ikang sesuai lan didawaake umur kaliyan(nanges)
Sandra , silfi, lan meila            : Amin bu?

***** TAMAT/SELESAI *****

Senin, 19 Desember 2011

contoh ceritho wayang





Bathari Durga panguwasa kabeh setan priprayangan

Bathari Durga iku mula bukane duwe jeneng Dewi Pramuni kang sulistya ing rupa. Dewi Pramuni mendhem rasa tresna marang panguwasa tribuwana, yaiku Bathara Guru. Kanggo nggayuh ketemune rasa tresnane marang Bathara Guru, sawijining dina Dewi Pramuni tapa brata. Sawise nemoni maneka rupa pacoban lan godhan, wusanane katekan Bathara Guru, Dewi Umayi lan Bathara Kala.
Ing wawanrembug antarane Bathara Guru lan Dewi Pramuni, adhedhasar andharan ing Kitab Purwacarita, kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Guru gelem nyembadani pepenginane Dewi Pramuni kang pengin dadi prameswarine.
Ananging ora kabul sakabehe, amarga mung tata lair wae sing bisa dadi prameswarine Bathara Guru. Dene jiwane ora bisa dadi prameswarine panguwasa tribuwana iku.
Amarga kasektene Bathara Guru, Dewi Umayi lan Dewi Pramuni banjur ijolan raga. Jiwane Dewi Umayi manjing ing ragane Dewi Pramuni, lan suwalike jiwane Dewi Pramuni manjing ing ragane Dewi Umayi kang arupa raseksi.
Adhedhasar andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Dewi Pramuni (jiwane Dewi Pramuni kang manjing ing ragane raseksi Dewi Umayi sabanjure antuk jejuluk Bathari Durga kang tegese kuciwa, ala, ora nyenengake. Lan sabanjure Dewi Durga dipacangake kalawan Bathara Kala.
Lan wiwit wektu iku, Bathari Durga disembah dening para kang ngrasuk agama Durga. Bathari Durga katetepake dumunung ing kayangan Krendayana. Kayangan iku sabanjure kondhang sinebut pasetran Gandamayit/Ganda Umayi.
Bathari Durga antuk jejibahan nguwasani para gandarwa, setan lan titah datan kasat mata liyane kang asipat durangkara. Ing jagad pewayangan, wandane Bathari Durga iku arupa Rangkung.
Dene Dewi Umayi (jiwane Dewi Umayi kang manjing ing ragane Dewi Pramuni) iku watake sabar, rasa pangrasane alus sarta landhep, adil, wani mbelani bebener, tanggung jawab, bekti mring sisihane lan gemati marang anak turune.
Ing lakon carangan Sudamala, Bathari Durga antuk ruwat lan bisa luwar saka wujud raseksine dening Sahadewa. Bathari Durga sabanjure palakrama kalawan Bathara Kala lan peputra Dewasrani.
Ing jagad pedhalangan, Dewasrani iku putrane Bathari Durga lan Bathara Guru. Bathari Durga duwe hak paring bebana marang sapa wae kang nyembah dheweke.
Ing lakon Sumbadra Larung, Bathari Durga paring pangestu marang pepenginane Burisrawa kanggo nresnani Dewi Sumbadra. Ing lakon Pancawala Lena, Bathari Durga mbiyantu Leksmana Mandrakumara, pangeran pati ing Astina, lan paring pangestu marang pepenginane Leksmana kang arep nglamar Dewi Pergiwati, putrane putri Arjuna.
Dene ing lakon Wahyu Cakraningrat, Bathari Durga paring bebana marang Samba, putrane Sri Kresna, lan paring pangestu mring gegayuhane kanggo ngrebut Wahyu Cakraningrat. Sapa kang kasil ngrengkuh Wahyu Cakraningrat pinitaya bakal dadi raja gung binathara.
Ananging ing telung kedadeyan iku, kabeh ora ana kang bisa kasembadan pepenginane. Kabeh gegayuhane para satriya ing telu kedadeyan iku padha cabar. Iku amarga pepesthen tumrap sipat jiwane kang adoh saka sing dipengini.
Bathari Durga dadi sesembahane para kang nganut agama Durga kang duwe aturan lan paugeran dhewe. Miturut Pustaka Raja Purwa kaya kang kapethik ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, cacahe agama kang nyembah dewa karana Bathari Durga dadi ana wolu.
Kawolune yaiku agama Syiwa (nyembah Sanghyang Syiwa/Bathara Guru), agama Sambo (nyembah Sanghyang Sambo), agama Brahma (nyembah Sanghyang Brahma), agama Indra (nyembah Sanghyang Indra).
Sabanjure, agama Bayu (nyembah Sanghyang Bayu), agama Wisnu (nyembah Sanghyang Wisnu), agama Kala (nyembah Sanghyang Kala) lan agama Durga (nyembah Sanghyang Bathari Durga)

Artikel saya

You can replace this text by going to "Layout" and then "Page Elements" section. Edit " About "

Tambah Sesuai Hati kamu